Tembang Macapat Pangkur



Pangerten
         

       Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

Maca lan nanggepi teks serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.



Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara,
(Ngempet saka murka)
Akarana karenan mardi siwi,
(Yen bakal ngajari anak)
Sinawung remining kidung,
(Rangkep Ing geguritan ayu)
Sinuba sinukarta,
(Dihiasi kanggo katon ayu)
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
(Ben kang dituju ngilmu apik kelakon)
Kang tumprap ing tanah jawa,
(Sing ditrapake ing jawa)
Agama ageming aji,
(Pemimpin agama genggeman)



Paugeran 

  • Guru Gatra, yaiku cacahing larik saben sapada. (Guru Gatrane saben sapada tembang Pangkur ana 7)
  • Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra. (Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i)
  • Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda saben salarik. (Guru wilangane tembang Pangkur, yaiku 8,11,8,7,12,8,8)



Sumber : Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Comments

  1. Bermanfaat kanggo sinau😁, matur nuwun🙏🙏🙏

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog