Posts

Showing posts from January, 2020
Serat Wedhatama  Pupuh Gambuh Pangerten Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi. Serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil dipun pundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, duduk wuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa. Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger. Sapunika isinipun piwulang wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh. Gambuh Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tan...
Tembang Macapat Pangkur Pangerten                   Serat Wedhatama iku anggitane  Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV . Tembung  ' serat '  tegese tulisan/karya,  ' wedha '  tegese wulangan/tuntunan, dene  'tama'  duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. Maca lan nanggepi teks serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Pangkur Mingkar-mingkuring angkara, (Ngempet saka murka) Akarana karenan mardi siwi, (Yen bakal ngajari anak) Sinawung remining kidung, (Rangkep Ing geguritan ayu) Sinuba sinukarta, (Dihiasi kanggo katon ayu) Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, (Ben kang dituju ngilmu apik kelakon) Kang tumprap ing tanah jawa, (...
Geguritan (Bahasa. Jawa) A. Pengertian Geguritan         Geguritan  yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.          Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi. B. Ciri - ciri geguritan Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku : duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e duweni bahasa ingkang endah lan mentes Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan C. Unsur - unsur intrinsik            Geguritan  uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra l...
Image
Busana Adat Jawa   Tata busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, manunggaling pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu dilaras supaya bisane pantes lair lan batine. Kacundhukake antarane kahanan awak lan kalungguhane. Kang diarani panganggon Jawa jangkep iku minangkane perabot kanggo ngadisarira. Lumrahe penganggon Jawa jangkep iku ana 8 werna , yaiku : 1. UDHENG Udheng Jogja udheng solo A. Pangertosan Udheng Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah. Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakri...
Image
Cerita Rakyat Cerita rakyat yaiku perangan sakeng sugihing budaya lan sejarah sing diduweni bangsa indonesia.  Pengertian cerita rakyat  jawa inggih punika carios ingkang sampun sumebar ten masyarakat, inkang cacahipun mboten saged kaetang, malah terkadang mboten kamangertosan sinten ingkang nganggit. Umume cerita rakyat jawa ngisahaken babagan kedadeyan tokoh neng sawijining panggonan utawa asal-usule sawijining panggonan. Tokoh-tokoh mboten sing ditokena sajroning cerita rakyat jawa umume kanthi bentuk kewan, manungsa utawa dewa. Fungsi cerita rakyat jawa  kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun.  Ciri-ciri  (cerita rakyat jawa) k...