Tata
busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi,
manunggaling pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu dilaras supaya
bisane pantes lair lan batine. Kacundhukake antarane kahanan awak lan
kalungguhane. Kang diarani panganggon Jawa jangkep iku minangkane perabot
kanggo ngadisarira. Lumrahe penganggon Jawa jangkep iku ana 8 werna , yaiku :
1.
UDHENG
Udheng Jogja udheng solo
A. Pangertosan Udheng
Udheng
basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun
hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang
dipunagem kangge nutupi sirah.
Udheng
makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng
kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen
sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken.
Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados
kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kala
rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket
ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken
kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe
pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka,
dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
B. Wangunipun Udheng
Miturut
wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih inggih punika:
1) Udheng Jebehan
Udheng jebehan menika titikanipun
ing ngajeng mboten mawi kuncungipun, sisih wingking mondholanipun terusan
mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung-irungan lonjong nanging
trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten jebehanipun, awujud
elar-elaran, mangiwa lan manengen. Ingkang besus mangagem udheng menika badhe
katinggal merbawani sabab menika namung mligi ka-agem dening piyayi luhur.
2) Udheng Cekok Mondhol
Titikanipun udheng cekok inggih
menika ing ngajeng wonten kuncungipun, dene ing wingking wonten mondholanipun,
awujud lonjong kados tumempel ing wingking udheng. Sisih nginggilipun mondholan
wonten rerengganipun awujud dhasi kupu alit.
C. Peranganipun Udheng
Nama – nama peranganipun udheng,
cakrik sarta tegesipun:
• Kuncung
Inggih menika awujud pucukipun
iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika
namung wonten ing udheng cekok mondhol.
• Wiron
Inggih menika perangipun iket
ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng
pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).
• Sunglon
Inggih punika pinggiraning bathik
ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
• Kemadha
Inggih punika pinggiraning bathik
ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng. Ingkang lancip menika
kawastanan cakrik pangkur.
• Talingan
Inggih punika peranganing udheng
sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun
talingan.
• Modangan
Inggih punika namaning cakrik
rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil
rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
• Mondholan
Inggih punika peranganing udheng
ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak
wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
• Pucuking Udheng
Ing sisih nginggil manawi
wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge
hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan
(ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
• Cakrik seratanipun sampun
nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur
ingkang wonten untu walang.
• Cakrik perbawan punika minongka
dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.
D. Warninipun Udheng
Ing
wekdal sakpunika warnining udheng wonten kalih inggih punika: a) Seratan
Bathik, b) Sekaran (kembangan). Dene udheng Bathik wonten 4 warni inggih
punika:
1) Udheng Byur
Pinggir mawi kemada, bathikanipun
cakrik semen, lereng, lung-lungan, ceplok, lan sanesipun.
2) Udheng Tengahan
Mawi
semukirang, mawi bvengkok garis kenceng, tengahipun petjhak utawi sekaran,
pinggir mawi kemada sungging. Antawisipun kemada kaliyan tengahan kabathik
latar pethak, latar cemeng, ceplokan lan sanesipun.
3) Udheng Modang
Pinggir
mawi Kemada, wingking mawi Umpak, bathikanipun modang, Pangkur, Ceplok, lereng,
lung-lungan.
4) Udheng Celeng
Pinggiripun
mawi Kemada, wingking mawi umpak, bathikanipun mawi cakrik lung-lungan ceplok,
lereng, tengah cemeng byur.
Udheng Bangsanipun Sekaran
antawisipun inggih punika:
1) Irawan
Pinggir mawi bathik kemada mawi
umpak, tengah kabathik semukirang latar pethak. Antawisipun semukirang kaliyan
umpak kasekar kadosta :gadhung, Wungu. Kenthol.
2) Sekaran
Udheng sekaran punika warni-warni
miturut ulesipun pulas kadosta: gadhung tengah pethak, dipun wastani gadhung
mlathi. Biru tengahipun pethak, bangun tulak lan sanesipun.
3) Rintik
Ules kaliyan naminipun Sekaran,
naming saking pinggir 2 CM kajumput wangunipun kadosta: Regulon, Tapakm dara,
Cengkehan, Kembang Jeruk.
4) Wulung
Udheng ulesipun byur cemeng,
padatan sunglonipun lancip cakrik perbawan.
E. Patrapipun Hangagem Udheng
Patrapipun
anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong
menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun
setunggal nyari.
F. Paugeran Hangagem Udheng
Ngagem
Udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun manawi sowan dhateng Karaton mboten
kenging sak sekecanipun piyambak.
1) Ing Karaton Surakarta
a) Udheng Jebehan
Udheng menika ageing para luhur,
inggih menika Ingkang Sinuhun, Para putra Sentana, kaliyan para abdidalem
ingkang hanggadahi Sesebatan Riya nginggil (KRA), kalebet ingkang anon-anon.
b) Udheng Cekok Mondhol Kuncung
Agemanipun Bupati Riya, Bupati
Sepuh sak pangandhap inggih punika wiwit saking sesebatanKRAT, KRMT, KRT, RMT,
RT, Panewu, Mantri saha Lurah. Kalebet ingkang anon-anon.
2) Ing Sanjawining Karaton
Wonten sanjawining Karaton
panganggenipun Udheng merdika (bebas), padhatan ingkang dipun agem Udheng
Jebehan, inggih wonten pahargyan menapa kemawon, kalebet wonten ing kasripahan
(layatan).
2. KULAMBI UTAWI RASUKAN
A. Pangertosanipun
Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika naming winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.
B. Wanguning Kulambi Utawi Rasukan
Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punikaAtellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
1) Atellah
Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
2) Beskap
Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
3) Sikepan
Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minongka pasren. Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
4) Langenharjan
Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana “Barat” inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten rangkep kalih. Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
5) Beskap Landhung
Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawibeskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
6) Taqwa
Taksih wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu utawi Nata inggih punika busana Taqwa. Busana punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga, mligi kagem para Nata. Sak punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap,namung ing sisih ngajeng (jaja) tangkepipun panjang dumugi ngandhap. Dene kulukipun kanigaran.
C. Warnining Kulambi Utawi Rasukan
Warnanipun busana ing Karaton Surbusana kabentenaken antawisipun atellah kaliyan beskap. Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta. Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan sanesipun.
D. Paugeran Pangageming Rasukan
1) Ing Karaton Surakarta
Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a) Pisowanan Ageng
1. Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA agemamnipun sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
2. Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang.
3. Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar Samir.
4. Abdi-dalem sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
b) Pisowanan Padintenan
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah pethak.
2) Ing Sanjawining Karaton
Busana adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
3. SABUK
A. Pangertosanipun Sabuk
Sabuk
punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun
dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten
ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe
dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman
rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi
setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
B. Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis
sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1) Sabuk Cindhe
Bakalipun ingkang dipun angge
saking benang sutra alus ingkang sampun kacelup kaliyan ules warni-warni.
Manawi sampun katenun, sekaranipun urapi pesagi utawi sawa mawarni-warni
ingkang dipun rakit mujudaken wewangunan ingkang saestu nengsemaken (artistic).
Wekdal sakpunika sampun awis-awis sanget wontenipun. Dene ingkang wonten
cakrikipun memper sabuk cindhe, ananing sanes saking tenunan, naming saking
cap- capan memper cindhe, wujud makaten dipun sebat “Cindhen”.
Sinaosa sekaranipun kawangun
saking maneka warnanipun pesagi pesagi alit, nanging manawi ingkang kathah
(dominan) warninipunn abrit, lajeng katingal sabuk abrit, semanten ugi ingkang
ijem, wungu, kuning lsp.
2) Sabuk Tenunan
Bahanipun pancen kadamel saking
benang tenun limrah, padatan ulesipun byur polos. Warnanipun wonten ingkang
ijem, abrit, wungu, kuning, lan sanesipun. Kala – kala dipun selipi benang Jene
(emas) ingkang mujudaken garis-garis jene (emas) utawi kados dene toya jawah,
ingkang makaten dipun astani cakrik “Udan Mas”.
3) Sabuk Celupan
Inggih punika satunggalintg sabuk
ingkang bahanipun pancen saking celupan kanthi ules mawarni-warni kadosta:
Sindhur, Podhang nusup sari, Uyah sawungkul, ceplok.
C. Patrapipun Mangangge Utawi
Ngagem Sabuk
Kados
sampun ka-aturaken ing nginggil, panjangipun sabuk watawis 4 – 5 M. patrapipun
ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun mangiwa.
Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak
ngandhapipun. Semanten ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang
langkung kalih nyari sak ngandhapipun ubedan angka kalih, makaten sak
piturutipun ngantos sap gangsal utawi nenem. Telas pungkasaning sabuk lajeng
dipun peniteni supados mboten udhar, perlu dipun taliti supados sinjang punapa
dene setagen mboten ketingal.
Kajawi
punika ugi dipun imut-imut, anggenipun miwiti ubedan sabuk punika benten
kaliyan ubedipun setagen. Manawi ubedipun setagen punika kawiwitan saking
ngandhap minggah supados kenceng. Dene manawi sabuk ubedipun kawiwitan saking
nginggil lajeng mangandhap supados mangkenipun saget kangge nyengkelit dhuwung.
D. Paugeran Pangangening Sabuk.
Limrahipun
wonten pundi kemawon, manawi sipatipun pahargyan, agemanipun sabuk merdika.
Kajawi mawi nuju layatan, sabukipun prayogi cemeng polos. Dene manawi mantu,
para ingkang sami bebesanan sabukipun salindhur.
Dene
ing pisowanan karaton, tumrap para sentana dalem punapa dene abdidalem ingkang
sesebatan Bupati mangandhap, mboten kepareng ngagem sabuk cindhe.
4. EPEK TIMANG LAN LEREP
A. Pangertosanipun
Ingkang
dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain
bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi
saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut
jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang”
utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang
kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang
(Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga
ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan,
menapa dene selamaya.
B. Warni – warnipun Epek
Limrahipun
Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1) Epek
Polos
Epek
punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit,
cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2) Epek
Blodiran
Limrahipun
epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni. Wonten
ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron
pakis.
3) Epek
Rambut
Inggih
punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
C. Paugeran Mangangge Epek
Caranipun
hangagem epek punika ka-ubedaken wonten sabuk, ubedipun mangiwa, tegesipun
timang kaprenahaken sisih kiwa. Anggenipun ngubedaken epek, ka-angkah wiyaripun
antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap kirang langkung 2.5
nyari (kalih setengah nyari). Dene timangipun kapernahaken wonten ngajeng trep
tengah-tengah. Wonten ing pabrayan umum jinis epek ingkang dipun agem
warninipun merdika mboten wonten awisanipun. Naming manawi nuju layatan,
prayogi hangagem sabuk cemeng.
Manawi
sowan dhateng karaton, tumrap para putra Santana dalem menapadene abdidalem
ingkang sesebatanipun bupati sak pangandhap mboten kepareng hangagem epek
ingkang boldiran untu walang punapa dene ombak banyu. Prayoginipun hangagem
ingkang polos. Bab warni kasumanggakaken miturut paugeran ingkang dipun remeni.
Gegandhengan
kaliyan paugeran hangagem epek lan sabuk, warah dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan Paku Buwana Kaping IX Karaton Surakarta Hadiningrat paring wewarah
tumrap paugeran hangagem sabuk ingkang kajumbuhaen kaliyan epek lan lerepipun.
Dene wujudipun kados ingkang ka-aturaken ing seratan punika.
Nomor Warni Sabuk Epek Aranipun
Watak Panganggenipun:
01 Ungu Ijem Wredha Ginugah Ayem,
Wredha/Siang
02 Ijem Abrit Mudha Rumagang
Trengginas,Mudha/S/D
03 Biru Abrit Satriya mangsah
Trampil mapan, nudha, wredha/S/D
04 Jambu /jambon/
Biru/cemeng/ungu Narendratama Sabar, menep, S/D
05 Jenar /Kuning Biru / Cemeng
Candra Sumunar Sabar, maton, S/D
06 Kapuranta (abrit anem) Biru
/Cemeng/Ungu Surya Sumirat Tan Swala/Mudha, S/D
5.
SINJANG UTAWI NYAMPING
Pangertosanipun Sinjang
Sinjang
basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi
ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing
nginggil polok.
Kain
bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing
pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina.
Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel igu
rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten
tataran.
6.
DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN
Pangertosan Dhuwung Utawi
Wangkingan
Dhuwung,
basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya
mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit,
kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung
piyambak onten warni kalih, inggih menika:
1) Dhuwung ingkang mligi kadamel
kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun damel mboten mawi pasa utawi
lampah prihatos.
2) Dhuwung pusaka tayuhan, inggih
menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah sarta upacara ingkang sampun
dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung pusaka menika salajengipun
ingkang dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.
Dhuwung
sawenehing gaman ingkang kadamel saking campuran tosan, pramila wonten ingkang
mastani”tosan aji”, wangunipun tipis panjang, dene cepenganipun dipun wastani
ukiran. Wiyaripun dhuwung watawis 8 CM, lajeng merit samsaya alit ngantos
dumugi 2.5 CM wiyaripun lan wekasan pucukipun lancip. Dene panjangipun watawis
35-40 CM. kiwa lan tengenipun kadamel landhep. Dene wangunipun wonten ingkang
jejeg (leres) wonten ingkang ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani “Luk”.
Dhuwung
manawi mboten dipun ginakaken kedahdipun lebetaken ing wadhahipun, ingkang
dipun namakaken “warangka” sebab kathah dhuwung ingkang sampun dipun warangi
lan menika sanget mbebayani.
7.
SETAGEN
Pangertosanipun Setagen
Setagen
punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang
wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun
kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken.
Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng,
ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen
punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking
njawi.
8.
CENDA UTAWI SELOP
Canela
dijabarke saka canthelna jroning nala, utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu
. Canela padha karo selop utawa sandhal. Canela dienggo neng sikil supoyo ben
awake dhewe nyembah lan batin.
PANUTUP
A.
Dudutan
Penganggon
jawa jangkep wonten 8 werni inggih menika:
a.
Udheng utawi destar
b.
Rasukan
c.
Sabuk
d.
Epek, timang lan lerep
e.
Sinjang
f.
Dhuwung
g.
Setagen
h.
Selop

Bagus
ReplyDeleteMaterine mudah di pahamiπ
ReplyDeleteBagus banget. Suwun
ReplyDeleteMaturnuwun
ReplyDeleteNuhun nduk
ReplyDeleteWae sanget ππ
ReplyDeleteSae sanget π
ReplyDeleteππ
ReplyDeleteBermanfaat kanggo sinauπ, matur nuwunπππ
ReplyDeleteπππ
ReplyDeleteTeruskan bakatmu
ReplyDeleteBagussss
ReplyDeleteSangat bermanfaat
ReplyDeleteBagussss
ReplyDeleteMantap
ReplyDeletepertahankan
ReplyDelete