Serat Wedhatama 
Pupuh Gambuh



Pangerten

Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi. Serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil dipun pundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, duduk wuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger. Sapunika isinipun piwulang wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh.

Gambuh

Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katuruh pan dadi awon

Watak Tembang Macapat Gambuh

          Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.

Paugeran

Guru Gatra : 5
Guru Wilangan : 7,10,12,8,8
Guru Lagu : u,u,i,u,o





Sumber :

Comments

  1. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  2. Bermanfaat kanggo sinau๐Ÿ˜, matur nuwun๐Ÿ™๐Ÿ™๐Ÿ™

    ReplyDelete
  3. Bagus bagus๐Ÿ‘Œ

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog