Cerita Rakyat



Cerita rakyat yaiku perangan sakeng sugihing budaya lan sejarah sing diduweni bangsa indonesia. Pengertian cerita rakyat jawa inggih punika carios ingkang sampun sumebar ten masyarakat, inkang cacahipun mboten saged kaetang, malah terkadang mboten kamangertosan sinten ingkang nganggit. Umume cerita rakyat jawa ngisahaken babagan kedadeyan tokoh neng sawijining panggonan utawa asal-usule sawijining panggonan. Tokoh-tokoh mboten sing ditokena sajroning cerita rakyat jawa umume kanthi bentuk kewan, manungsa utawa dewa.

Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun. 

Ciri-ciri (cerita rakyat jawa) kang saged dipendet saking cerita rakyat jawa ingkang wonten, kadosa :
  1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit.
  2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.
  3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi).
  4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun. 
Mirengaken cerita rakyat kalebet jenis mirengaken apresiatif. Tegesipun sabibaripun kita mirengaken cerita rakyat ingkang sampun di pun waosaken mesthinipun badhe napresiasi, madosi teges utawa makna cerita rakyat wau sjangkepipun kanthi ngenget-ngenget kepripun watakipun tokoh-tokohipun,lataripun, lan sanesipun.

Jenis-jenis cerita rakyat Kados ingkang sampun dipun andharaken teng materi mirengaken teks cerita rakyat teng ngajeng, ingkang saget dipun lebetaken teng kategori jenis-jenis cerita rakyat punika wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng ngandhap punika badhe dipun jlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios rakyat teng inggil.

1. Legenda
    Pengertian Legenda inggih punika cerita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan, ingkang ceritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi cerita jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI).

2. Mite
    Pengertian Mite inggih punika cerita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan teng dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib) lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit cerita punika utawi penganutipun.

3. Sage
    Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken  kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh.

4. Fabel
    Pengertian fabel inggih punika cerita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, cerita punika mboten leres-leres kedadosan, namung cerita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa.

5. Dongeng
    Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling cerita ingkang mboten nate kedadosan namung cerita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan sanesipun.

Comments

  1. Terimakasih.... Ini sangat membantu... Mantab mantab

    ReplyDelete
  2. Bermanfaat kanggo sinau😁, matur nuwunπŸ™πŸ™πŸ™

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog