Cerita rakyat yaiku perangan sakeng sugihing budaya lan
sejarah sing diduweni bangsa indonesia. Pengertian cerita rakyat jawa inggih punika
carios ingkang sampun sumebar ten masyarakat, inkang cacahipun mboten saged
kaetang, malah terkadang mboten kamangertosan sinten ingkang nganggit. Umume
cerita rakyat jawa ngisahaken babagan kedadeyan tokoh neng sawijining panggonan
utawa asal-usule sawijining panggonan. Tokoh-tokoh mboten sing ditokena
sajroning cerita rakyat jawa umume kanthi bentuk kewan, manungsa utawa dewa.
Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha
utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng
sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita
rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios
rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun.
Ciri-ciri (cerita rakyat jawa) kang saged dipendet saking cerita
rakyat jawa ingkang wonten, kadosa :
- Anonim,
mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit.
- Kalebu
karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.
- Nyariosaken
bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal
wontenipun (imajinasi).
- Statis,
tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman
salajengipun.
Mirengaken cerita rakyat
kalebet jenis mirengaken apresiatif. Tegesipun sabibaripun kita mirengaken
cerita rakyat ingkang sampun di pun waosaken mesthinipun badhe napresiasi,
madosi teges utawa makna cerita rakyat wau sjangkepipun kanthi ngenget-ngenget
kepripun watakipun tokoh-tokohipun,lataripun, lan sanesipun.
Jenis-jenis
cerita rakyat Kados ingkang
sampun dipun andharaken teng materi mirengaken teks cerita rakyat teng ngajeng,
ingkang saget dipun lebetaken teng kategori jenis-jenis cerita rakyat punika
wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng
ngandhap punika badhe dipun jlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori
carios rakyat teng inggil.
1. Legenda
Pengertian Legenda
inggih punika cerita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan, ingkang
ceritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun
bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi cerita
jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI).
2. Mite
Pengertian Mite inggih
punika cerita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi
makluk lembut ingkang kedadosan teng dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib)
lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit cerita punika utawi
penganutipun.
3. Sage
Pengertian Sage inggih
punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang
nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling
tiyang utawi tokoh.
4. Fabel
Pengertian fabel inggih
punika cerita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang
tindhak-tandhukipun kados manungsa, cerita punika mboten leres-leres kedadosan,
namung cerita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter mioritas arupi
manungsa.
5. Dongeng
Pengertian Dongeng inggih
punika satunggaling cerita ingkang mboten nate kedadosan namung cerita fiksi,
ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged
dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja,
pangeran, putri, lan sanesipun.
Baik
ReplyDeleteBagus
ReplyDeleteBaguuusss, thanks
ReplyDeleteBagus banget. Suwun
ReplyDeleteMantap
ReplyDeleteWah, sangat membantu.
ReplyDeleteTengkyuu sangat bermanfaat
ReplyDeleteTerimakasih.... Ini sangat membantu... Mantab mantab
ReplyDeleteBagus..
ReplyDeleteππ
ReplyDeleteBermanfaat
ReplyDeleteBermanfaat
ReplyDeleteπ
ReplyDeleteπ
ReplyDeleteππ
ReplyDelete
ReplyDeleteπ
Bermanfaat kanggo sinauπ, matur nuwunπππ
ReplyDeleteSangat bermanfaat
ReplyDeleteSangat bermanfaat
ReplyDeleteBagus kok
ReplyDeleteBermanfaat sekali , terimakasih
ReplyDeleteGood job
ReplyDeleteSangat bermanfaat
ReplyDeleteMantap"
ReplyDeletematur nuwun sanget
ReplyDelete